Serat
WARARATNA
Kasambetaken Dados
WULANG PUTRI
POCUNG
1. Nembang pucung, Parlu mardi dibyeng kawruh,
Wruhing tata krama,
Myang nistha madya utami,
Tumraping wong wanita
salaminira,
2. Kang kalaku, madya utama
kapungkur,
Nistha ingkang kathah,
Tata nistha krama nisthip,
Arda darung kang ardane
ngombra ombra.
3. Sayeki wung, widhung kaung
kiyal banjur,
Nedya mrih utama
Nanging nistha tuhuneki,
Ingkang madya utama ingaran
nistha,
4. Ingkang nistha, sinengguh utama luhur,
Mulane kang dadya,
Nisthane karda kadana,
Warah wuruk lumayu anunjang
palang,
5. Sababipun, leket marang
nistha nipun,
Madyane sru gila,
Utamane mlayu ngenthir,
Mung kibasah ni papa ingkang suwita.
6. Mring wong darung , kang
arda ing nisthanipun,
Panjurung tuhunya,
Keneng cincung dipapori,
Kaki basah masang kala
mawang wisa,
7. Yen tan emut suwitane
kalihipun,
Wiwekane sirna,
Sarta wus pasthining widhi,
Nistha arda kabanjur salama lama.
8. Wus suteng sun rungunen
manira wuruk,
Kakeh kang tinitah,
Rehning tanira pawestri,
Ingsun karya sanepa
wuwulang ngira,
9. Ingsun cekak supaya inggal
dinapur,
Nini putraning wang,
Estokena basa gati,
Basa wadon iku wanita ges
ira,
10. Milanipun wanita kena kawetu,
Kudu rinawatan,
Tan kena lehweng ing karsi,
Dipun sami eling jenenge
wanodya,
11.Tegesipun wanodya wade puniku,
Upamane sinjang,
Dhasar alus ingkang mori,
Panggarape apik babarane
bregas,
12.Yekti nipun, sendal akeh payunipun,
Padatan sok wonga,
Ingkang ngangga jarit becik,
Yen pinuju begja kagem ing
bendara.
13.Sukur sewu bisa kagem maring ratu,
Iku upamanya,
Sira nini den pakeling,
Upamane yen wade morine
ala,
14.Mori lumbu groboh ing panggarap ipun,
Babarane ala,
Yekti kang ngangga wong
cilik,
Pira bara kalamun tiba wong desa,
15.Wani tuku, mila rangi reganipun,
Yen tiba sudagar
Tan ana ajine pasthi,
Yen kaselak butuh dadi
tanpa dadya.
16.Dhuh sutengsun, iyeku sanepanipun,
Sasmita kang nyata,
Ngong cekak wuwulang iki,
Den estokna rasani Srat Wararatna.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar