Serat
DARMA RINI
Kasambetaken Dados
WULANG PUTRI
POCUNG
1. Kang tinutur marna reh mring para sunu,
Wanodya kang samya,
Manungku ing palakrami,
Pan mangkana ingkang winedhar ing kata,
2. Dipun tuhu anglakonana puniku,
Kang sangang prakara,
Wejange sawiji wiji,
Dingin mantep lir retni miyat mring liyan,
3. Kajaba mung ngamung na ing kang amengku,
Iku lakinira,
Kapindha temen winarni,
Temen iku nora silip ing sabarang,
4. Nora wuwus dene ta kang kaping telu,
Dipun anarima,
Apa sapanduming laki,
Ping pat sabar tegese ywa sring duduka.
5. Cepak napsu, ping lima bekti Yeng kakung,
Yen bekti mangkana,
Tan wani sarta ngajeni,
Nora lancang ywa wani adinginan.
6. Barang laku, mengku ngekulna rahayu
Babaganing priya,
Wediya benduning laki,
Kanem mira kang gumati marang priya,
7. Kusung kusung, sasaji ngopeni kakung,
Barang kang kinarsan,
Tanapi yen suker sakit,
Mula cara sung usada mrih waluya.
8. Tyasira sru, ngemban thowel ywa katimpuh,
Sakehing babaya,
Kasanga wiweka pasthi,
Pradikaning weweka ingkang santosa.
9. Jaka ungkul, sadina dina kang emut,
Aywa pegat pegat,
Ing rina pantara ratri,
Sariranta wanita estu tan daya.
10.Amung dipun, santosa sajroning kalbu,
Mrih godha rencana,
Sapira gone jagani,
Priyanira sira yekti nimbangan.
11.Kudu kudu, wewekane dipun bakuh,
Tan kengguh ing coba,
Iku awakmu pribadi,
Kang rumeksa sumingkira reh tan harja.
12.Wanodyeku, manawa kuwating kalbu,
Yekti lakinira,
Dhemen welas tulus asih,
Tur pitaya resep rumaket sutresna.
13.Sun susuwun, ing Gusti Kang Maha Agung,
Sinunga kamulyan
Ing awal tumekeng akir,
Putra putri kang mangesthi marang garwa.
GAMBUH
1. Supadi dadi gambuh,
Gonira nglakoni wuruk iku,
Sumarmanta wara sinawung nging sari,
Surasane den kacakup
kabeh wajibing wong wadon.
2. Wit ana kang kadulu,
Kang kapyarsa wanodya puniku,
Lamun pegat denira apalakrami,
Ana ping pindho ping telu,
Ping pat ping lima kalakon.
3. Sangsaya wuwuh wuwuh,
Pocapane ala ngangggo saru,
Liwarise kesel gone dadi wali,
Kajaba yen pegatipun
Nora tulus karahayon.
4. Tinakdir ring Hyang Agung,
Kaya priye kawula yen lumuh,
Yekti kudu nglakoni lumrahe ngurip,
Wong wadon ana kang mengku,
Priya kang wus dadi jodho.
5. Aksamanta sadarum,
Prasujana sarjanane ulun,
Kumawa ngapus wulang mring siwi,
Silarahing saru siku,
Tan wrinlu kita kinaot,
6. Mung anreng priya kudu,
Karya tilas tembe buri besuk,
Ingkang srenda manulad pariwadi,
Dinulurna ing Hyang Ngagung,
Tinut putra wayah wadon.
7. Puji piniji tulus,
Saka ron ron putri lawan jalu,
Antuk brekah oyod ron dana salami,
Sawarah ing rama ibu,
Ywa tuna sihing Hyang Manon,
8. Narembah ana sagung,
Kulawarga kadang myang sadulur,
Kacumpuning sandhang pangan sugih singgih,
Titi cuh cuh para sunu,
Mituhua ing wiraos,
9. Dadya pangebut ebut ,
Rikalanira mangripteng kidung,
Sampat ari sukra wanci jam saptenjing,
Jumadilakir sitangsuh,
Nembelas wimba katonton,
10.Maktal mongsa Dhesteku,
Alip ongka sewu wolungatus
Lan sawelas = 1811 ingaran srat Darmarini,
Minangka wasitanipun
Marang putra wayah wadon.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar