MENAK CINA
Pethikan
Piwulangipun Sang Prabu ing Cina
Dateng
Ingkang Putra Dewi Adaninggar
Mawi
Kaparingan Purwaka
Karsa
Dalem Kasambet
Kang tinulis aserat puniki
Atembang pamiyos,
Wulang saking pan sibapak kiye,
Marang sira putraning Sun putri,
Tingkah ingakrami,
Angladeni kakung.
Nora gampang babo wong ngakrami,
Luwih saking abot,
Kudu weruh ing tata titine,
Miwah sacara caraning laki,
Pan watakke ugi,
Den awas den emut,
Yen pawestri tan kena bawani,
Tumindak sapakon,
Nadyan sira iku putra nateng,
Nora kena ngandelken sireki,
yen putra narpati, temah dadi luput,
Pituture ratu cina iki,
Kapak luwih abot,
Pamurukke marang admajane,
Dewi adaninggar duk ngunggahi,
Mring Sang jayeng murti,
Ing kate winuruk,
Wawekase banget wanti wanti,
Mring putrane wadon,
Nanging adaninggar tana ngangge,
Mulane tapatine tan becik,
Pituture iki,
Prabu cina luhung.
Den sira nini ingsun tuturi,
Prakara kang abot,
Rong prakara gedhening panggawe,
Ingkang dhingin parentah narpati,
Kapindhone krami,
Padha abot tipun,
Yen tiwas sawenang bilaheni,
Panganggo kang loro,
Padha lawan hangguguru lire,
Meruhken mring salameting pati,
Ratu lawan laki, padha abotipun,
Wadya iki pan kaki narpati,
Wadon saking bojo,
Pan kuwasa barang pratikele,
Aniyasat miwah anatrapi,
Sapratingkah neki,
Luput wenang ngukum.
Sapolahe yen wong amrih becik,
Den amrih karaos,
Pan ponane kapok,a ing tembe,
Nora kena anak klawan rabi,
Luput ngapureki,
Tan wande anempuh.
Amung bala wenang ngapureki,
Polahe kang awon,
Beda anak klawan rabi kase,
Pan mangkono nini wong ngakrami,
Apaitan eling amrih asmareng kung.
ASMARADANA
Pratikele wong akrami,
Dudu brana dudu rupa,
Amung ati paitane,
Luput pisan kena pisan,
Yen gampang luwih gampang,
Yen angel angel kalangkung,
Tan kena tinambak arta
Tan kena tinambak warni,
Ugerira wong akrama,
Amung eling paitane,
Eling kawise seng priya,
Tan kena tininggala,
Kurang titi kurang emut,
Iku luput ngombra ombra.
Wong lali rehing ngakrami,
Wong kurang tinga agesang,
Wus wenang ingaran pedhot,
Titi iku katemenan,
Tumancep aneng manah,
Lamun ilang temenipun,
Ilang namaning ngakrama.
Iku wajib kang rinukti,
Apa njenenging wanodya,
Amung eling dandanane,
Lamun kareh ing wong lanang,
Eling marang parentah,
Nastiti wus duwekkipun,
Yen ilang titine liyar.
Tan ngamungken wong ngajina,
Ya kang ilang nastitine,
Wong pedhot dorodhot bedhat,
Kendali kang den mamah,
Wong lali paitan manah,
Lan buwang ugering urip,
Lali lamun kawisesa,
Ing priya jeneging wadon,
Nandhang dosa rong prakara,
Dhingin dosa ing priya,
Kaping kalih dosanipun,
Marang Allahu tangala,
Dosa lahir dosa batin,
Ati ugering manungsa,
Yen tan pinantheng ciptane,
Iku atine binubrah,
Tan wande karusakkan,
Owahing ati tan nemu,
Pan ati ratu ning badan,
Badan iki apan darmi,
Nglakoni osiking manah,
Yen ati ilang elinge,
Ilangna maning manungsa,
Yen manungsane ilang,
Amung rusak ing tinemu,
Tangeh manggih karaharjan.
Iku wong durjana batin,
Uripe nora rumasa,
Kalamun anitahake,
Enggone nora kareksa,
Ugere wong ngagesang,
Teka kudu sasar susur,
Wong lali kaise setan,
Nora eling yen wong urip,
Uger ruger raning manah,
Wong mungkir marang uripe,
Nora ngendaleni manah,
Anjarag kudu rusak,
Kasusu kagedhen angkuh,
Kena ginadha ing setan.
Pan wus panggawening ngeblis,
Ngajak lali ngajak rusak,
Setane joged ngaleter,
Yen ana wong lengus lanas,
Payu nedya dodolan,
Angajak nora rahayu,
Wong wehken panthenging priya.
Wong nora wruh maring sisip,
Yeku pakartining setan,
Kasusu luwih gumedhe,
Tan wruh yen padha tumitah,
Iku wong tanpa tekad,
Pan wus wateking wong lengus,
Amawang ugering tekad,
Iku nini den nastiti,
Lamun sira tinampanan
Marang sang jayeng palugon,
Garwane loro punika,
Putri saking kartinah,
Ingkang siji putri kanjun,
Aja sira duwe cipta.
Maruningsun loro iki,
Nadyan padha anak raja,
Ujer gedhe ramaning wong,
Lawan sugih ratu cina,
Parang ngakik kartinah,
Rangkepa karatonipun,
Misih gedhe ratu cina,
Budi kang mangkono nini,
Buwangen aja kanggonan,
Mung nganggowa andhap asor,
Karya rahayuning badan,
Den kapara memelas,
Budi ingkang dhingin iku,
Wong ladak anemu rusak.
Den bisa sira nusupi,
Tan kena ginawe ala,
Yen kalakon andhap asor,
Yen marumu duwe ala,
Yekti nora tumeka,
Andhap asor ira iku,
Kang rumeksa badanira.
Lamun sira lengus nini,
Miwah yena nganggo lanas,
Dadi nini sira dhewe,
Kang ngusak sarira nira,
Marumu loro ika,
Sun watara jayeng satru,
Nedya tyase karo pisan.
OO--+--OOO
Tidak ada komentar:
Posting Komentar