Selasa, 02 April 2024

Kidung Sesingir Kyai Ngabdul Kahar

KIDUNG SESINGIR 

La Ilaha Ilallah, Al Malikul Haqqul Mubin Muhammadur Rosulullah, Sodiqul Wa’dil Amin

Bismillah Niat Ingsun 
Nyadhong Rohmating Ywang Agung 
Amiwiti Kidung Singiran 
Sejarahe Kyai Ngabdul Kahar 

Lumuntura Ing Tembe Mburi 
Anak Putu Padha Nyumurupi 
Ngulama Pinunjul Kang Nami 
Tetwangga Ing Ngruweng Sayekti 

Guru Dalem Ingkang Sinuhun 
Pakubuwono Ping Catur 
Tumeka Kang Kaping Sanga 
Sri Aji Ing Surakarta 

Lamun Sira Arsa Nggeguru 
Kang Talaten Amedhar Ilmu 
Nora Melik Pawewehing Nguwong 
Kadya Dhawuhe Sri Katong 

Ngulama Kang Sugih Kojah 
Mumpuni Kitab Al Qur’an 
Syareat Lan Tarekate 
Makripat Lan Hakekate 

La Ilaha Ilallah, Al Malikul Haqqul Mubin Muhammadur Rosulullah, Sodiqul Wa’dil Amin

Lamun Ana Kang Nenandhur 
Den Wuruki Carane Macul 
Nolak Ama Lan Nyebar Rabuk 
Dimen Tandurane Subur 

Yen Wis Subur Tandurane 
Dadi Lan Mentes Uwohe 
Wanci Panen Akeh Hasile 
Nggo Nguripi Keluargane 

Yen Wis Tentrem Keluargane 
Wus Mesti Khusuk Ngibadahe 
Sembahyang Rina Wengine 
Cinaket Marang Pangerane 

Yen Wis Caket Mring Pangerane 
Kinasihan Mulya Uripe 
Binerkahan Sak Solah Bawane 
Bejo Donya Myang Akhirate 

Mengkono Paribasane 
Den Dunungke Kabeh Dalane 
Dadi Weruh Sekabehane 
Nora Bingung Sasar Uripe 

La Ilaha Ilallah, Al Malikul Haqqul Mubin
Muhammadur Rosulullah, Sodiqul Wa'dil Amin

Gusti Raden Mas Duksina 
Pangeran Pati Ing Surakarta 
Ing Tembe Jumeneng Nata 
Pukubuwono Ping Sanga 

Aneng Ngruweng Angudi Ilmu 
Mbah Ngabdul Kahar Minangka Guru 
Sakathahing Ngilmu Tinampa 
Jejeg Nggenya Jumeneng Nata 

Wancine Kang Tengah Dalu 
Wayahe Wus Padha Turu 
Mancung Kumambang Ing Sendhang
Nuju Pulo Banjur Kawejang 

Patang Puluh Dina Lumadi 
Piyantun Luhur Ambuka Wewadi 
Tinitah Dening Ywang Widhi 
Sangkan Paraning Dumadi 

Guru Murid Sampun Nyawiji 
Nandhes Tumekaning Ngati 
Pindha Emban Lan Sesotya 
Gandheng Asta Tumkeng Suwarga 
 
La Ilaha Ilallah, Al Malikul Haqqul Mubin
Muhammadur Rosulullah, Sodiqul Wa'dil Amin 


Rebo Kliwon 23 Pasa Jimawal 1957 
Utawa Kaping 3 April 2024

Kula Pun Aryobayat 



Selasa, 26 Maret 2024

SERAT DARMARINI

 

Serat

DARMA RINI

Kasambetaken Dados

WULANG PUTRI

 

 

         POCUNG                                                                

1.     Kang tinutur marna reh mring para sunu,

Wanodya kang samya,

Manungku ing palakrami,

Pan mangkana ingkang winedhar ing kata,                  

2.     Dipun tuhu anglakonana puniku,

Kang sangang prakara,

Wejange sawiji wiji,

Dingin mantep lir retni miyat mring liyan,

3.     Kajaba mung ngamung na ing kang amengku,

Iku lakinira,

Kapindha temen winarni,

Temen iku nora silip ing sabarang,                 

4.     Nora wuwus dene ta kang kaping telu,

Dipun anarima,

Apa sapanduming laki,

Ping pat sabar tegese ywa sring duduka.                 

5.     Cepak napsu, ping lima bekti Yeng kakung,

Yen bekti mangkana,

Tan wani sarta ngajeni,

Nora lancang ywa wani adinginan.                   

6.     Barang laku, mengku ngekulna rahayu

Babaganing priya,

Wediya benduning laki,

Kanem mira kang gumati marang priya,                 

7.     Kusung kusung, sasaji ngopeni kakung,

Barang kang kinarsan,

Tanapi yen suker sakit,

Mula cara sung usada mrih waluya.                   

8.     Tyasira sru, ngemban thowel ywa katimpuh,

Sakehing babaya,

Kasanga wiweka pasthi,

Pradikaning weweka ingkang santosa.                 

9.     Jaka ungkul, sadina dina kang emut,

Aywa pegat pegat,

Ing  rina pantara ratri,

Sariranta wanita estu tan daya.                   

10.Amung dipun, santosa sajroning kalbu,

Mrih godha rencana,

Sapira gone jagani,

Priyanira sira yekti nimbangan.                  

11.Kudu kudu, wewekane dipun bakuh,

Tan kengguh ing coba,

Iku awakmu pribadi,

Kang rumeksa sumingkira reh tan harja.                   

12.Wanodyeku, manawa kuwating kalbu,

Yekti lakinira,

Dhemen welas tulus asih,

Tur pitaya resep rumaket sutresna.                 

13.Sun susuwun, ing Gusti Kang Maha Agung,

Sinunga kamulyan

Ing awal tumekeng akir,

Putra putri kang mangesthi marang garwa.

 


       GAMBUH

1.     Supadi dadi gambuh,

Gonira nglakoni wuruk iku,

Sumarmanta wara sinawung nging sari,

Surasane den kacakup

kabeh wajibing wong wadon.                  

2.     Wit ana kang kadulu,

Kang kapyarsa wanodya puniku,

Lamun pegat denira apalakrami,

Ana ping pindho ping telu,

Ping pat ping lima kalakon.                   

3.     Sangsaya wuwuh wuwuh,

Pocapane ala ngangggo saru,

Liwarise kesel gone dadi wali,

Kajaba yen pegatipun

Nora tulus karahayon.

4.     Tinakdir ring Hyang Agung,

Kaya priye kawula yen lumuh,

Yekti kudu nglakoni lumrahe ngurip,

Wong wadon ana kang mengku,

Priya kang wus dadi jodho.                 

5.     Aksamanta sadarum,

Prasujana sarjanane ulun,

Kumawa ngapus wulang mring siwi,

Silarahing saru siku,

Tan wrinlu kita kinaot,                  

6.     Mung anreng priya kudu,

Karya tilas tembe buri besuk,

Ingkang srenda manulad pariwadi,

Dinulurna ing Hyang Ngagung,

Tinut putra wayah wadon.                  

7.     Puji piniji tulus,

Saka ron ron putri lawan jalu,

Antuk brekah oyod ron dana salami,

Sawarah ing rama ibu,

Ywa tuna sihing Hyang Manon,                 

8.     Narembah ana sagung,

Kulawarga kadang myang sadulur,

Kacumpuning sandhang pangan sugih singgih,

Titi cuh cuh para sunu,

Mituhua ing wiraos,                 

9.     Dadya pangebut ebut ,

Rikalanira mangripteng kidung,

Sampat ari sukra wanci jam saptenjing,

Jumadilakir sitangsuh,

Nembelas wimba katonton,  

10.Maktal mongsa Dhesteku,

Alip ongka sewu wolungatus

Lan sawelas = 1811 ingaran srat Darmarini,

Minangka wasitanipun

Marang putra wayah wadon.


SERAT WARARATNA

 

Serat

WARARATNA

Kasambetaken Dados

WULANG PUTRI

                                            

POCUNG

1.     Nembang pucung, Parlu mardi dibyeng kawruh,

Wruhing tata krama,

Myang nistha madya utami,

Tumraping wong wanita salaminira,                  

 

2.     Kang kalaku, madya utama kapungkur,

Nistha ingkang kathah,

Tata nistha krama nisthip,

Arda darung kang ardane ngombra ombra.

 

3.     Sayeki wung, widhung kaung kiyal banjur,

Nedya mrih utama

Nanging nistha tuhuneki,

Ingkang madya utama ingaran nistha,                

 

4.     Ingkang nistha, sinengguh utama luhur,

Mulane kang dadya,

Nisthane karda kadana,

Warah wuruk lumayu anunjang palang,                  

 

5.     Sababipun, leket marang nistha nipun,

Madyane sru gila,

Utamane mlayu ngenthir,

Mung kibasah ni papa ingkang suwita.  

             

6.      Mring wong darung , kang arda ing nisthanipun,

Panjurung tuhunya,

Keneng cincung dipapori,

Kaki basah masang kala mawang wisa,                 

 

7.     Yen tan emut suwitane kalihipun,

Wiwekane sirna,

Sarta wus pasthining widhi,

Nistha arda kabanjur salama lama.                  

 

8.     Wus suteng sun rungunen manira wuruk,

Kakeh kang tinitah,

Rehning tanira pawestri,

Ingsun karya sanepa wuwulang ngira,

 

9.     Ingsun cekak supaya inggal dinapur,

Nini putraning wang,

Estokena basa gati,

Basa wadon iku wanita ges ira,                 

 

10. Milanipun wanita kena kawetu,

Kudu rinawatan,

Tan kena lehweng ing karsi,

Dipun sami eling jenenge wanodya,               

 

11.Tegesipun wanodya wade puniku,

Upamane sinjang,

Dhasar alus ingkang mori,

Panggarape apik babarane bregas,                  

 

12.Yekti nipun, sendal akeh payunipun,

Padatan sok wonga,

Ingkang ngangga jarit becik,

Yen pinuju begja kagem ing bendara.

 

13.Sukur sewu bisa kagem maring ratu,

Iku upamanya,

Sira nini den pakeling,

Upamane yen wade morine ala,

 

14.Mori lumbu groboh ing panggarap ipun,

Babarane ala,

Yekti kang ngangga wong cilik,

Pira bara kalamun tiba wong desa,                   

 

15.Wani tuku, mila rangi reganipun,

Yen tiba sudagar

Tan ana ajine pasthi,

Yen kaselak butuh dadi tanpa dadya.

 

16.Dhuh sutengsun, iyeku sanepanipun,

Sasmita kang nyata,

Ngong cekak wuwulang iki,

Den estokna rasani Srat Wararatna.

SERAT DARMA DUHITA

 

Serat

DARMA DUHITA

Kasambetaken Dados

WULANG PUTRI

 

               

               KINANTHI

1.     Dene ta pitutur ingsun

Marang putraningsun estri,

Den eling ingaranira,

Sira pan ingaran putri,

Kang aputri kang sanyata

Tri tetelu tegesneki.

(Jadi begini petuah dari saya, kepada anakku perempuan, semoga selalu menjadi pengingat, bahwasanya kamu itu perempuan, perempuan yang sesungguhnya, TRI artinya tiga)


2.     Bekti nastiti ing kakung

Kaping telune awedi,

Lair batin aja esak,

Nglakoni tuduhing laki,

Laki ciptanen bendara,

Mapan wong wadon puniki,

(Berbakti, Cermat kepada suami, yang ke tiga takut lahir batin dan jangan melawan, dengan melaksankan perintah suami, jadikanlah suami sebagai tuanmu, karena sudah menjadi takdir perempuan)


3.     Wajib manut marang kakung,

Aja pisan amapaki,

Marang karepe wong lanang,

Sanadyan atmajeng aji, 

Alaki lan panakawan,

Sayekti wajib ngebekki.

(Wajib menurut kepada suami, jangan sesekali melawan, kepada kehendaknya suami, biarpun kamu seorang anak raja, lelaki dan abdi adalah wajib berbakti)


4.     Kalamun wong wadon iku,

Angrasa mengku ing laki,

Ing batine amarintah,

Rumasa menang mring laki, 

Nora rumasa wanodya

Puniku pankak ing laki.

(Bahwasanya perempuan itu, merasa memiliki suami, dalam batin memerintah, beranggapan lebih menang dari pada suami, tidak merasa sebagai wanita, itu namanya melawan seorang suami)


5.     Iku wong wadon kepaung, 

Bingung bingleng keneng pening,

Tan wurung dadi rancapan,

Ing donya tumekeng akir,

Dadi intiping naraka,

Kalabang lan kalajengking.

(Itu namanya perempuan percuma, terlalu bingung menjadikan pusing, akhirnya mendapatkan kemurkaan, di dunia sampai kiamat, menjadi penghuni neraka, kelabang dan kalajengking)


6.     Ingkang dadi kasuripun,

Sajroning naraka benjing,

Iku wong wadon candhala,

Kang tan bisa amerangi

Ing nepsu kalawan hawa,

Amarah kang den tutwuri,

(Yang menjadi alas tidurnya, didalam neraka besuk, itu perempuan bertabiat kasar, yang tidak bisa memerangi hawa napsu)


7.     Iku pama wekas ingsun,

Anggonen pitutur iki,

Den wedi ing kakung ngira,

Aja dumeh suteng aji

Yen sira nora bektiya,

Ing laki tan wurung dadi.

(Itu umapamanya pesan saya, pakailah petuah ini, selalu takutlah kepada suamimu, walaupun kamu seorang anak raja, kalau kamu tidak berbakti kepada suamimu akan menjadi)  

                 

8.     Gagawa mring rama ibu,

Kurang pamuruking siwi,

Iku tarkane ngakathah,

Panedhan ingsun pademi,

Marang Allahu ta ngala,

Miwah mring Rasullollahi.

(Membawa nama bapak dan ibu, dikira tidak mendidik kepada anak, itu perkiraan orang pada umumnya, harapan saya sama halnya, kepada Allah SWT, dan kepada rasulullah)


9.     Ing sakehe putraningsun,

Estri kang gawa ing laki,

Kinasihana ing priya,

Lan padha bektiyeng laki,

Padha lakiya sapisan,

Dipun kongsi nini nini.

(Kepada semua anak saya, perempuan yang mengikuti suami, semoga selalu di sayangi suami dan selalulah berbakti kepada suami, menikahlah hanya sekali, sampai besuk menua bersama)      

        

10.Maksih angladeni kakung,

Sartane dipun welasi,

Akayowa a rondhana.

Warega amomong sawi

Lan nini pitutur ingwang,

Estokena lahir batin.

(Masih melayani suami, dan selalu menyayangi, kaya dan miskin sama, pintar - pintarlah merawat anak, dan lagi duh anakku perempuan, laksanakan secara lahir batin) 

                   

11.Lawan ana kojah ingsun,

Saking eyang sira swargi,

Pawestri elinga sira,

Lamun ginawan dariji, 

Lilima puniku ana, 

Dununge sawiji wiji, 

(Dan ada lagi  petuah saya, dari moyangmu yang sudah meninggal dunia, supaya perempuan selalu ingat, kalau kamu (umpamnya) dibekali jari lima, jari satu dan satunya mempunyai arti yang berbeda)


12.Jejempol ingkang rumuhun

Panuduh kang kaping kalih,

Panunggul kang kaping tiga,

Kaping pat dariji manis,

Dene ta kang kaping lima,

Wekasan aran jajenthik. 

(Jempol yang pertama, telunjuk yang kedua, jari tengah ketiga, ke empat jari manis, dan yang kelima, terakhir dinamakan kelingking)   

             

13.Kawruhana karsanipun,

Mungguh semune  hyang widhi,

Wong wadon wis ginawanan,

Dalil panggonaning estri,

iku wajib kinawruhan,

Karepe sawiji wiji.

(Ketahuilah apa yang dimaksudkan, semua itu menjadi lambang dari tuhan, seorang perempuan sudah dibekali dalil tempatnya sebagai perempuan, itu wajib dimengerti, maksudnya satu persatu)       

          

14.Mula ginawan sireku,

Jejempol marang hyang widhi,

Den ayem pol manahira

Yen ana karsaning laki,

Tegese pol dena gampang

Sabarang karsaning laki 

(Maka kamu dibekali, jempol oleh tuhan yang maha esa, supaya hatimu penuh dengan ketentraman, kalau ada kehendaknya suami, maksudnya penuh supaya gampang, melaksanakan kehendak suami)  

       

15.Mula ginawan patuduh,

Aja sira kumawani

Nikelken tuduh ing priya,

Ing satuduh anglakoni,

Panunggul pan ginawanan,

Iku sasmita sayekti. 

(Maka Dibekali jari telunjuk, jangan kamu berani, melawan suami setiap perintah suami, selalu menjalankan perintah, dibekali jari tengah maksudnya yaitu)

               

16.Prih enta karyane tunggul

Miwah lamun apaparing,

Iya sira unggul kena,

Sanadyan amung sathithik,

Wajib sira unggul kena,

Mring guna kayaning laki, 

(Perintah sebagai pekerjaan utama, dan jika memberi, kamu juga bisa menjadi utama, biarpun hanya sedikit, kamu wajibkan yang utama,  membelanjakan dengan baik semua penghasilan suami)

                   

17.  Marmane sira puniku,

Ginawan dariji manis,

Dipun manis styanira,

Yen ana karsa ing laki,

apa maning yen angucap

Ing wacana kudu manis, 

(Makanya kamu itu dibekali jari manis, maksudnya bersikaplah manis serta setia, kalau ada kehendak suami, apalagi kalau kamu berbicara, harus selalu berbicara dengan baik dan mesra)   

              

18.Aja dhaso amerengut,

Nora merakaken ati,

Ing setyanipun sumringah,

Sanadyan rengu ing batin,

yen ana karsaning priya,

Buwangen aja akari. 

(Jangan malah cemberut, tidak menyenangkan hati suami, di dalam kesetyaan dan gembira, walapun di dalam hati sedih, kalau ada kehendak suami, buanglah  jauh-jauh sikap seperti itu)   

             

19.Marmane ginawan iku,

Iya dariji jejenthik,

Dipun athak athikan, ( thak /thik )

Yen ana karsaning laki,

Karepe athak athikan,

Dena trampil barang kardi, 

(Makanya dibekali itu, namanya jari kelingking, supaya selalu paham yang menjadi kehendak suami, maksudnya paham juga trampil pada pekerjaan)                

 

20. Kalamun ngladeni kakung

Den kebatna nging den birah,

Aja kebat karobagyan,

Dreg edregan sarwa cincing.

Apan iku kebat nistha, 

Rada angoso ing batin.   

(Jikalau melayani suami, supaya dengan sikap gembira, dan jangan sikap tidak bahagia, jangan ngajak bertengkar, itu sikap yang tercela, agak serakah dalam batin)  

             

21.Poma poma wekas ingsun,

Marang putraningsun estri,

Iku padha den anggowa,

Wuruke sibapa iki,

Yen den lakoni sadaya,

Hanganggo pitutur iki.

(Ingat imgatlah pituah saya, kepada anakku perempuan, bawalah semua pituah dari bapakmu ini, kalau kamu jalankan semua dengan petuah ini)

                  

22.Sibapa ingkang ananggung,

Yen den anggo kang weweling,

Wus pasthi amanggih mulya,

Ing donya tuwin ing ngakir,

Lan aja manah na limpang,

Dipun tumemen ing laki,  

(Bapak yang bertanggung jawab, kalau kamu laksanakan semua pituah, sudah pasti menemukan kebahagiaan, dunia dan akhirat, dan jangan berburuk sangka dan  menyimpang, dan sungguh-sungguhlah pada suami)

            

  

23.Den bandhunga sangalikur,

Tyas sira aja gumingsir,

Lahir batin aja esak,

Angladeni marang laki,

Malah sira ngupaya a

Wanodya kang becik becik,      

(Biar ada Penghalang yang besar, kamu jangan mundur, lahir batin jangan kecewa melayani suami, malahan kamu carikan wanita yang baik-baik)

            

24.Parawan kang ayu ayu,

Sira caosna ing laki,

Mangkono patrape uga,

Ngawruhi karsaning laki,

Pesthi dadi ingkang tresna,

Yen wong lanang den turuti.

(Wanita yang cantik-cantik, kamu serahkan kepada suami, begitulah sikapnya juga, memahami kehendaknya suami, pastinya akan makin dicintai, jikalau laki-laki dituruti)

 

25.Yen wong wadon nora angsung,

Bojone duweya selir,

Miwah lumuh den wayuha,

Ya iku wadon panyakit,

Miwah tan wruh tata krama,

Dalil kadis tan udani. 

(Kalau wanita tidak mau, suaminya mempuyai istri lagi, dan tidak mau dimadu, ya itu dinamakan wanita penyakit, dan tidak tahu tatakrama, dalil kadis tidak paham)         

       

26.Papadhane asu buntung

Celeng gotheng pama neki,

Nora pantes pinedhakan,

Nora wurung mamarahi,

Den dohna pitung bedahat,

Aja neja duwe pikir,    

(Sama halnya seperti anjing tak berekor, babi hutan umpamanya, tidak pantas di datangi, yang akhirnya menimbulkan kemarahan, jauhkanlah sejauh jauhnya, jangan mempunyai pikiran)

              

27. Kayata mangkono iku,

Balik kang dipun nastiti,

Marang wuruke sibapa,

Norapon manggih basuki,

Kayata yen maca layang,

Tingkah wanodya puniki. 

(Seperti itu, sebaliknya yang teliti, kepada petuah bapak, jikalau menemukan kebahagiaan seperti bisa membaca surat, perilaku wanita itu)          

    

28.Pegede tan nedya tiru,

Kalakuaning pawestri,

Kang kinasihan ing priya,

Apa pawestri parunji,

Miwah ta estri candala,

Apa nora kedhah kedhih.

(Hendaknya tak ingin meniru, kelakuan perempuan, yang disayangi suami, itu wanita kasar dan istri keji, apa tidak harus Menerima)

                   

29.Ingkang kinasihan kakung,

Kabeh pawestri kang becik,

Kang nastiti marang priya,

Dene estri kang parunji,

Candhala pan nora nana,

Den kasihi marang laki. 

(Yang disayangi suami, semua perempuan yang baik, yang cermat kepada suami, dan istri yang keji dan kejam, adalah tidak ada yang disayangi oleh suami)

 

30.Mila ta kerip rinembug,

Dadine wong wadon iki,

Tanpa gawe maca layang,

Kang gelem niru kang becik,

Mulane ta putraning wang,

Poma poma dipun eling. 

(Maka sering dibicarakan, wanita seperti ini, tanpa dengan membaca surat, yang mau mencontoh yang baik, makanya anak-anakku, semoga selalu ingat)            

      

31.Marang ing pitutur ingsun,

Mugata hyang maha suci,

Netepena eling ngira,

Marang panggawe kang becik,

Den dhohna panggawe ala,

Siya siya kang tan becik,  

(Kepada pituah saya, semoga tuhan yang maha kuasa, menetapkan berkahnya, karena selalu ingat perbuatan yang baik, dan dijauhkan dari perbuatan yang tidak baik, jauh dari kebaikan)          

     

 32.  Titi tamat layang wuruk

Marang putraningsun estri,

Kemis pon ping pitu ruwah

Kuningan Je kang gumanti,

Obah guna swareng jagad = 1736

Sancaya astha pan maksih.

(Sudah tamat Surat Pituah, kepada anak-anakku perempuan, Kamis Pon, 7 Ruwah, wuku kuningan tahun Je 1736 (Obah=6, Guna=3, Swareng=7, Jagad=1) windu sancaya, masih di pranata mangsa ke 8)