KIDUNG SESINGIR
Bismillah Niat Ingsun
Nyadhong Rohmating Ywang Agung
Amiwiti Kidung Singiran
Sejarahe Kyai Ngabdul Kahar
Lumuntura Ing Tembe Mburi
Anak Putu Padha Nyumurupi
Ngulama Pinunjul Kang Nami
Tetwangga Ing Ngruweng Sayekti
Guru Dalem Ingkang Sinuhun
Pakubuwono Ping Catur
Tumeka Kang Kaping Sanga
Sri Aji Ing Surakarta
Lamun Sira Arsa Nggeguru
Kang Talaten Amedhar Ilmu
Nora Melik Pawewehing Nguwong
Kadya Dhawuhe Sri Katong
Ngulama Kang Sugih Kojah
Mumpuni Kitab Al Qur’an
Syareat Lan Tarekate
Makripat Lan Hakekate
La Ilaha Ilallah, Al Malikul Haqqul Mubin Muhammadur Rosulullah, Sodiqul Wa’dil Amin
Lamun Ana Kang Nenandhur
Den Wuruki Carane Macul
Nolak Ama Lan Nyebar Rabuk
Dimen Tandurane Subur
Yen Wis Subur Tandurane
Dadi Lan Mentes Uwohe
Wanci Panen Akeh Hasile
Nggo Nguripi Keluargane
Yen Wis Tentrem Keluargane
Wus Mesti Khusuk Ngibadahe
Sembahyang Rina Wengine
Cinaket Marang Pangerane
Yen Wis Caket Mring Pangerane
Kinasihan Mulya Uripe
Binerkahan Sak Solah Bawane
Bejo Donya Myang Akhirate
Mengkono Paribasane
Den Dunungke Kabeh Dalane
Dadi Weruh Sekabehane
Nora Bingung Sasar Uripe
La Ilaha Ilallah, Al Malikul Haqqul Mubin
Muhammadur Rosulullah, Sodiqul Wa'dil Amin
Gusti Raden Mas Duksina
Pangeran Pati Ing Surakarta
Ing Tembe Jumeneng Nata
Pukubuwono Ping Sanga
Aneng Ngruweng Angudi Ilmu
Mbah Ngabdul Kahar Minangka Guru
Sakathahing Ngilmu Tinampa
Jejeg Nggenya Jumeneng Nata
Wancine Kang Tengah Dalu
Wayahe Wus Padha Turu
Mancung Kumambang Ing Sendhang
Nuju Pulo Banjur Kawejang
Patang Puluh Dina Lumadi
Piyantun Luhur Ambuka Wewadi
Tinitah Dening Ywang Widhi
Sangkan Paraning Dumadi
Guru Murid Sampun Nyawiji
Nandhes Tumekaning Ngati
Pindha Emban Lan Sesotya
Gandheng Asta Tumkeng Suwarga
La Ilaha Ilallah, Al Malikul Haqqul Mubin
Muhammadur Rosulullah, Sodiqul Wa'dil Amin
Rebo Kliwon 23 Pasa Jimawal 1957
Utawa Kaping 3 April 2024
Kula Pun Aryobayat